Minggu, April 28, 2013

JAMAN SEMONO LAN SAIKI (MBALONGAN-SUMBERSARI) KENDAL


 muhtarom bin suya'i

Assalaamu'alaikum wr.wb.

    lewat tulisan niki kulo bade crito naliko jaman semono;yen salah tulung di benerno ojo di paido,....hehehe;kanggo tolak ukor wae'......antara mbiyen sing iseh koyo ngono karo saiki sing wess modern koyo ngene,......sopo ngerti ono hikmah sing keno di petik seko seko crito jaman mbiyen.....

Jaman mbiyen naliko aku isih cillik ,sok usom dolanan tradisional ,koyo to 

- setinan
- panggalan
- gacla'an
- gempuran
- sin - sinan
- jitungan 
- gasang umpet
- damparan 
- koco'an
- kowoan
- kolongan 
- bal - balan 
- layangan
- patok lele
- muduk - mudu'an
- kucing2 an
- bekelan
- dam-daman
- ontok kamin
- galuran
- wong-wongan
- dolanan muntit
- plorotan
- bedil 2lan sing nganggo preng
- perang - perangan
- lan sak pinunggalane'

wuakeh yo dolanan bocah cilik mbiyen
sing mungkin saiki wes ora pati'o populer meneh koyo jaman mbiyen ,........ mungkin amargo jaman saiki wes ono dolanan sing luweh modern koyo'e,......;jaman mbiyen wong duwe tipi wae isih longko kuwi wae tipi hitam putih;ora koyo saiki,saben omah mesti ono/duwe tipi dewe'2..mulai tipi berwarna model opo wae ono sing cembong layar datar ,LCD,Nganti tipi LED Siki wes ono kurang opo meneh njajal.

jaman mbiyen sing jenenge' video wae gawe' hiburan acara hajatan ,mantu.lha saiki ora usom maneh.........lawong tiap 2 omah roto2 wes duwe vcd player.arep nyetel kaset opo wae tinggal tuku vcdne ,lawong kaset paling gor limangewu sakeping,sopo wae kuwat tuku .yo to?

kelingan mbiyen naliko arep ngirem pesen wae kudu ngenteni pirang2 dino baru tekan pesene,......yoiku liwat surat pos,bedo adoh karo saiki arep kirim pesen tinggal pencet ;arep ngomong langsung tinggal pencet ;arep ceting ae saiki iso kok ........hehehe
sing jenenge hp.sing layare' kuning wae mbiyen wong podo gumon ,lha saiki hape' wess koyo rek joss saben wong nduwe,

Mulo kuwi podo...o bersyukur mareng sing kuoso,ojo mbalelo......saiki jaman wes kepenak opo2 ono; tinggal ngarani .tinggal awa'e dewe wae gelem kerja keras ora

“Sing sopo mung arep oleh wae nanging emoh kangelan, iku aran wong kesed. Iku kabeh ojo ditiru, jalran keluarwargo lan bongso uga rugi”



hehehe koyone wes rodo kesel oleh ku nules ,sesok teruske neh ,insyaAllah

Wassalaamualaikum wr wb.















    

Tidak ada komentar: